Sastra Untuk Silaturrahmi Antar Bangsa, Persaudaraan, dan Perdamaian ! Happy Reading !

Geguritan Jarot Citrowinarno Setyoko

0

 


GURIT SAPUNGKURE CAHYA

   : Pak Dharmadi



Iki dudu babagan langit sap pira

kang tinembus lungiting tembung lan pada,

nanging bab sepira tataging sunaring surup

kang kemlawe pindha slendhang sandhekala

tanpa kendhat ngreranggeh pucuk-pucuk jati aking,

sanajan padhang kang kasisa mung bisa ninggal japa

lan nguntabake dina marang jaman tan kinawruhan


(Oh Bapa, mesthi panjenengan kelingan lakon Bhisma

kang ora tumekeng ati jebol Jonggring Salaka

kanti jemparing kang bisa memba kridhaning naga)


Saengga angin kang kelangan daya, lan jumangkah

kanti was sumelang sajembaring ara-ara bera

isih saguh ngugemi prasetyaning gerimis

kang bakal neba salumahing suket garing,

supaya geguritanmu kang nglangut pindha donga

isih bisa tak deder sauruting tritis raina

mrajak semi, ngrembaka sadawaning mangsa.

 

(Oh Bapa, saumpama panjenengan mangarteni,

jangkah panjenengan kang tanggon sapungkure cahya

luwih kuwawa nuwuhake sasmita lan pengarep-arep

tinimbang sakehing tembang lan ukara)

 

Purbalingga, September 2020



SEWU TAUN DAK LIWATI

 

Sewu taun, aku panggah jejeg ing kene,

kanti sewu jemparing kang isih tumancep ing raga

tumapak sandhuwuring jaman-jaman kang rengkah

tanpa kendhat nempuh kukusing pasulayan:

Geni kang ora tau sirep sajroning netramu

sanajan gendhing lan kidung wus gilir gumanti

miyak abad baka abad kang tansah kebak sungkawa.

 

Oh Srikandi, sawangen kang permati, Wong Ayu

Sewu taun aku isih jejeg satengahing palagan

Ngregem watang tombak pindha gujengi lungiting panandang

tugur kanti dedeg kang tatag, mapak tebaning pepesthen

ngrantu lumepasing pusakamu kang pungkasan:

Jemparing turidhasmara kang bakal natas panelangsa

kang wus sewu taun dak gurit nganggo tetesing getihku.

 

Sriwedari-Solo, pungkasaning Januari 2007

 

 

SENDHON ING DINA NATAL


Isih dak simpen ceritamu iki: Luh kang tumetes

kaya dene gerimis kang mecaki dalan cengkar

antaraning Getsmani lan Golgota. Banjur gurit surup

kang pindha khutbah ngumandang saka gisiking akasa,

“Katresnan mono Wong Ayu, mesthine tan beda

kalawan iman, luwih teguh tinimbang pepati lan kasangsaran.


Solo, Desember dina pungkasan, 2005

 

Anggitane:


Jarot Citrowinarno Setyoko, Lahir di Sragen. Bersekolah di jurusan Sosiologi Unsoed dan jurusan Ilmu Administrasi Negara Unwiku Purwokerto. Selain mengelola Institut Banyumas Dwipa (IBD), Ia mengurus Dewan Kesenian Kabupaten Banyumas (DKKB) dan halaman budaya Bendrong Kulon-Radar Banyumas.

Tags

Post a Comment

0 Comments
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.
Post a Comment
To Top