Sastra Untuk Silaturrahmi Antar Bangsa, Persaudaraan, dan Perdamaian ! Happy Reading !

Geguritan Riswo Mulyadi

2


 LAYUNG

Dening : Riswo Mulyadi


sisih kulon ana layung

udu kuwung

sawetara udan ngwangwung

mung pedhut esih nggantung

kaya atiku kang lagi gandrung


o, mendhung dadiya kuwung

atiku pancen landhung

ngenteni bisa tuku sarung

jarit kawung

kathok landhung

gelang kalung


dek, aku durung wani nembung

gedhang raja sing tek tandur urung jantung

ora payu ijone

ora payu gadhene

sabar dik

ngenteni gedhang tua

arep tek tebasna 

paling ora kena nggo mbayar pekothor nang KUA


dik, aturna kanjeng rama

calon mantune mung modal tresna

apa bisa ditampa?


11 Desember 2015



NDHELIS

Dening : Riswo Mulyadi


ngintip lintang, atis

ndhempis 

o kasepen sing titis

ndhidhisi tuma-tuma nang ndhuwur alis

pikiran kang moyag-mayig


o wengi kang ngubengi jagate dhedhemit

rerem

aja gawe surem

akeh bocah pating kliwid

jaganen 

bocah-bocah keminjal

aja ngasi kesarug rubeda

merga jagat sing arep teka

duwene bocah-bocah mau


o para sepuh kang sinepuh

semburen mawi sambetan

dringo benggle adas pulasari

ben padha kalising rubeda


Karanganjog, 7 Nopember 2015



SEMINGKIR

Dening : Riswo Mulyadi


semingkir sekang sakang pengridu

rasa rumangsa temuju


semingkir sekang aling-aling jiwa

rupek sumpeg jabeg

njenggirat 

gipyak

sengkud nyandhak doran

obah olah tata tetanen


aja mung ngimpi

dunya kiye nyata


Mei 2015



MALEM MINGGU TERANG SORE

Dening : Riswo Mulyadi


njagong dhingklik mingklik-mingklik

nyandhing kopi secawik

ngubek pikiran molak-malik


jeng,

kang

nang langit wulan pucet

ngancani pedhut boyong mbuh maring endi parane

kaya angen-angenku mbabyag ora genah larike

ngangen-angen renggan urip


lintang cemlorot mrepegi sepi

ana swara tanpa rupa

: ra sah dipikir


urip kuwe pancen renggan

wani urip kudu wani ngrengga


o, jebul swara batinku


23 Januari 2016



SUMELANG

Dening : Riswo Mulyadi


pedhut sengsaya kandel 

ireng wernanè

kaya surasané mangsa 


peteng dhedhet

gawé pikiran cupet

swara-swara pating sliwer ngebeki langit

pating glaur tangisè wong wedi kahanan


dhuh, apa iya mung jalaran warta sing digawa angin bisa maténi


wis cetha pengendikané para sepuh

pati bakal tuméka maring sekabéhané jalma

digedhongana dikunciana

wong mati mangsa wurunga


kabéh mung jalaran, lantaran

sejatinê umur winates tan bisa diteges


apa iya, kelalén maring kuwasane gusti Allah

lamon alam seisiné mung wayang sing dilakokna sang Dhalang


pasrah udu ngemprah

ningen usaha dikanteni donga


Karanganjog, 19 Juni 2021



Anggitane




Riswo Mulyadi lair lan gedhe neng Karanganjog desa Cihonje, Gumelar, Banyumas. Aktif nulis puisi lan guritan banyumasan.

Siki aktip dadi guru neng MI Ma’arif NU 1 Cilangkap. Manggon neng Karanganjog desa Cihonje, Kecamatan Gumelar, Banyumas, Jawa Tengah. 

Tags

Post a Comment

2 Comments
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.
Join the conversation(2)
To Top