Sastra Untuk Silaturrahmi Antar Bangsa, Persaudaraan, dan Perdamaian ! Happy Reading !

Geguritan Ahmad Sultoni

1

 


Nyekar

 

Nang dina kemis grimis

Donga-donga padha medhun

Sekang langit kepitu

Methuk malekat

Sing nggendong berkahe langit

Srengenge tambah angslup

Slurup dadi rep sing asrep

 

2017

 


 

Jangkrik

 

Ana wektu jangkrik-jangkrik

Padha faseh nyelawati wengi

Krik krik krik

Krik krik krik

Biyunge sapa sing durung turu

Biyunge bocah sing nurokna bocah

Dikancani onine jangkrik

Selawat alam

Sing siki diganti

HP karo tivi

 

2016


 

Guru

 

Dudu guru

sing digugu ditiru

Ningen rama biyungmu

Madrasah budi pekertimu

Kringete sing milini

Donga-donga

 

2017

 


 

Sinding

 

Yakuwe sawah sing semending

Ora dawa ora amba

Ning mberkaih

Iwak bethik

Iwak sepat siyem

Iwak bayong

Iwak sepat jawa

Iwak lunjar

Iwak curing

Iwak jaer

Iwak Lele

welut

Umaeh iwak-iwak

Sinding sing

Kahanane

Ora kesanding

Pindah maring

Piring-piring

 

2016


 

Tangi Turu

 

Saben wengi nyong angel turu

Saben esuk nyong angel tangi

Karepane seduwur lintang-lintang

Sing gemebyar nang langit

Saya-saya ana motor mabur

Liwat sekang wetan

Ditembangi

"motor mabur njaluk duwite,

Ora ulih sogok silite"

Ningen urip

Jere kaki nini

Dudu angenan

Sing gur ditembangi

Kudu ditemenani

 

2018




 Penulise

*) Ahmad Sultoni, Dosen nang Institut Teknologi Telkom Purwokerto. Siki agi sinau nang Program Doktoral Pendidikan Bahasa Indonesia UNS. Buku puisi Dongeng Pohon Pisang (2019) dadi karya pertamane, lan “Selepas Musim Menjauh” (Jejak Pustaka, 2021) dadi karya kelorone. Siki manggon nang Adipala, Cilacap, Jawa Tengah.

 

Tags

Post a Comment

1 Comments
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.
  1. Jebul edolane nyong jago nggurit eah? Terusna ngonoh...

    ReplyDelete
Join the conversation(1)
To Top