Sastra Untuk Silaturrahmi Antar Bangsa, Persaudaraan, dan Perdamaian ! Happy Reading !

GURITAN BANYUMAS Daning Hamidin Krazan

0


TATU ATI 


Tatu bumi ora sengsaya mari 

senajana getihé mbanyu mili

semrését perih ngungkuli désunati

krasané kaya débesét klikané ati.


Wong pating jempling kelara-lara 

kaéh katon wéra ndarik neng layar kaca

katon kaya wong piru swarané ora daya

kaya wit-witan jéjér délindes yaksa waja

wit-wit neng alas tuwa kayuné glondongan

panggonan jin sétan mbuwang pranakan

gung liwang-liwung padha kobeng

neng longan gunung  mung bisa bingung

wong-wong cilik dégawé ora mudeng

banjur nganggo ngélmu trenggiling

ana musuh malah ngglundhung.

Ora wit-witan ora wong 

Pestiné kembar: débuldoser!


Pekuncen, 2019-2021






ORA JÉRÉ-JÉRÉ


Banjur nembé padha ngandel

muga-muga mbésuk tembé tambah kendel

wani mbukak cangkem ora kéndel

sewisé nyekséni gunung détugeli

watu isiné weteng bumi dékedhuki

watu pakuné igir gunung putri déunjali

watu sing nindihi sirahé si kaki nini

dépundhi-pundhi dadi barang aji.


Pekuncen, Banyumas 2020





Penulise

Hamidin Krazan adalah nama pena, akun medsos dan channel YouTube dari Khamidin. Lelaki kelahiran Desa Krajan, Pekuncen, Banyumas.

Menulis puisi, cerpen dan haiku, terkumpul di sejumlah antologi dan kumpulan fiksi pribadi. Aktif di Komunitas Orang Pinggiran (KOPI) Banyumas. Redaksi di Majalah Ancas

dan sekretaris di Majalah Akhbar Zamzam. 

Karya fiksinya pernah dimuat di sejumlah media era orde baru. Kini bekerja di bagia IT. Mengelola web Ponpes Zamzam Cilongok, Banyumas.

Tags

Post a Comment

0 Comments
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.
Post a Comment
To Top