Sastra Untuk Silaturrahmi Antar Bangsa, Persaudaraan, dan Perdamaian ! Happy Reading !

Geguritan Budi Wahyono

0


 JADWAL WAYAH ESUK

 

Tabuh telu iki kudu cethik geni

Mawa areng balapan pating grengseng

Mlethek plethok-plethok saka pawon

Mrambat ruwang tamu

Mlipir kamar turonmu

Geneya kebribenan tangi?!

Gumbregaha, wudlu, tumuju subuh

Balikmu wis cemepak sak kabehe lawuh

 

Sak iki banjur giliranmu

Nyebarake saketheng gorengan gaweyane simbok

Menyang bakul-bakul njero pasar

Sak durunge sing kulakan padha bubar.

 

Gemblegan, Solo, 2021

 



JADWAL WAYAH AWAN

 

Bubar tlusupan keceh mburu butuh

Pikiran leren njajal nglabuh

Kaya gemetere lakune kapal kae

komplit santer keluke

 

Yen kepengin gemlethak

sak petungan ana lincak

pegel githok, manjer geger  lan

mubeng sirah

nyawiji pasrah

Ora ketang sak jam; bubar kuwi

bali balapan.

 

Semarang, 2021

  

 


JADWAL WAYAH SORE

 

Jogan kebak racikan; irisan tempe

irisan lombok, adonan glepung

rajangan werna-werna klebu

parutan klapa

nyokong urip dedeg prasaja

 

Yen kabeh gaweyan wis rampung cemepak

Ndhekep dhipan kesurung kepenak

Aku ora kepengin mabur dadi  tukang nyanyi

bintang film tekan sinetron

Cukup nonton karo nguntuti beton

nyamleng – ora perlu nggayuh sing methentheng.

 

Tlogomulyo, 2021

 

 

 

JADWAL WAYAH WENGI

 

Nibakke awak ana dhipan cekak

Kasur gripis tipis dudu weton iklan

Nanging kasur sing tansah ngabekti karo janji

puluhan taun ora nate gawe getun

Nyurung lintingan awak tumuju gapuk

kapuk-kapuk njimpes ora netes

Sedaya kula lila Gusti

Mlajenge gesang namung pasrah mili.

 

Semarang, 2021

 



WARUNG TENGAH KAMPUNG

 

Isih kewaca, cagak pring cilik sing ndhelik

ana warunge Cik Wa tengah kampung sing

ora nate kelangan rubung

Saka sak wernane premen, dolanan plastikan

tekan gula pasir buntelan seprapatan

 

“Sekilo wae Cik,” pesenku. Cik Wa kaget nyawang aku

“Prapatan gunggung papat gelem?”

Guluku gemeter santer

Awak kedher

Apa maneh bareng ana mbok tuwa nyusul nempil gula seprapat

kabeh entek, gawe mlongo

Tak walik kaca-kaca buku sing temangsang sirahku

Gula sepratan loro tak caoske

Ndlongop gumunne, mbuh kapan rampunge.

 

Semarang, 2021

 

 


SETENGAH UNTING BAYEM

 

Bayem setengah unting, kanggomu kakehan

mung karo bojo; wong loro

Ana ngarep warung cagak pring petung

nekad nunggoni wong tuku karo milang-miling

Sapa ngerti bisa diajak blandhronan

nempil bayem untingan?!

 

“Ora sah nungu, cupet wektumu

Iki tak caosi separo,” tembunge grapyak

Sisa dhuwit dijereng-jereng

Teri sak buntel gage digoreng

Sanadyan lali mikir, dhedhepan tensi terus ndhukir.

 

Wonogiri, 2021

 

 

 

PITIK PANGGANG

 

Pitik panggang kebak bumbu sing

mbiyen nate mbok grujugi bumbu

mung krasa tak ambu wangi lan gurihe

njaga wibawa dipupurke pitik mau

saka dhadha tekan mekangkange pupu

gawe mesem nalika banjur kelingan sliramu

 

Pitik panggang sing digandrungi penggedhe iki

Nyeret banter pikiranku dadi lega

Sega anyar pulen kemebul lan sambel ulegan ana lemper

sing pedhese molat-molat

nyurung awak dadi giras; nekat nemoni awak wewegmu

Adhuh! Pikiran alaku dadi kemlebat

Nyawang pupu suburmu sing ora mekakat.

 

Slogoimo, 2021

 

 


TUWA BARENG

 

Aku  mesem sujana

nyawang awakmu sing bebarengan mabur angkasa

Menep. Temangsang nginep endha saka rusuh dhedhep

 

Nanging, awakmu ora ana kene

Ana prapatan dalan sing kebak pit montor penthalitan

Aku tambah gregetan nalika

tangan alusmu nyikep bangkekan

blas ora mikir kapangku sing keplantrang

 

Jogjakarta, 2021

 

 


REREGET

 

Rereget sing diseret ana grobag

Ora mung ngusung turahan saka kiwa tengene pawon

Nanging uga bathang tikus sing kalah playon

Gandane nyubles irung nganti bolong

saengga lara pilek dadi mak plong

 

Ganda puleg mau mrambat ana pikiranmu

Kegawa menyang warung lan andrawina prasaja

Mencok kenceng nalika anakmu sing mbok dulang meneng

 

Kebangeten! Bathang kok tegel ora diplastiki

Apa maneh dirangkepi

Gandane nlusup menyang kupinge sisihanmu

Nganti nesune sumup ana kupingmu:

“Pak, sesuk prei. Njaga wibawa ben aji!”

Awakmu domblong, nyawang bolong dhastere sisihan

“Aku mandeg sasi ngarep Bu, kareben dhaster

rega telung puluh lima ketuku,” semaurmu.

 

Semarang, 2021

 



SEDULUR BANJARNEGARA

 

Udan-udan ndhekep hawa adhem

Ora kinira pancen; nalika esuk mau

srengenge sumunar babar

Nyeret awan bruwet gawe byayakan

memehan kelangan papan

 

Klebu awakmu

sing tangi esuk mau, sak genthong dhawet

komplit santen lan juruh

ngremet abuh

bathuk mengkeret gemontang tabuh

arep bali ndesa sing isih nelangsa

apa mbacutake kontrakan sing sasi ngarep

kudu genep?






Penggurite


            Budi Wahyono, penggurit kelairan Wonogiri. Guritanne kapacak ana ariwarti Parikesit, Panjebar Semangat, Jaya Baya, Kartika, Mekar Sari, Derap Guru, Suara Merdeka, Solopos, Chandra Pustaka, Swaratama. Bola-bali entuk penghargaan ing babagan geguritan, minangka pemenang lomba. Sakliyane geguritan uga nulis cerkak. Kumpulan Geguritane sing wis nate terbit: “Mung Remukan Gorengan” (2020), “Kelingan Gaplek” (2021), uga semebar ana pirang-pirang antologi. Sejene nganggo medium basa Jawa uga nulis kanthi basa Indonesia wujud; esai, kolom, puisi, cerpen, laporan, resensi, lsp. Magister lulusan Fisip UNDIP iki manggon ana  pinggiran kutha Semarang.

___________

Alamat kagem Sdr. Redaktur:
Budi Wahyono
Graha Mutiara B2 RT 09 RW 09, Tlogomulyo, Pedurungan, Semarang 50195
HP 08156571449

Tags

Post a Comment

0 Comments
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.
Post a Comment
To Top