Sastra Untuk Silaturrahmi Antar Bangsa, Persaudaraan, dan Perdamaian ! Happy Reading !

Cerkak Dimas Indiana Senja

0

 

TRATAG IJO

Dimas Indiana Senja

 

Sapa sing nyana, dina sing ngaduné nyenengna malah dadi dina sing medéni kaya kiyé? Wong-wong pada braokan, ribut ning ndi ora, pada kewedén. Dayoh sing teka padha mlayu sekentrang-kentrang. Anginé bangeténg banteré. Wit-witan kayong arep pada rubuh. Godong-godong mambrah-mambrah ning latar. Ana sing maca istighfar, ya ana sing nangis. Enggané korsi pating nggludag semeja-mejané, setaplak-taplaké.

Ning panggonan jéjér, kembang-kembangané pada mabur, sedurungé pada pating tlak-tak ning klasa. Jengkok pengantén kotor kenang gabus sing pada ucul ning tembok. Tarubé mabur-mabur, mobat-mabit ora nggenah. Séngé kayong arepan pada ucul. Medéni nemen.

Ning njero umah, wong-wong ya pada kebingungen. Pada kamitenggengen, ndelengna umah merah meruh disebrak angin sing tekané ora denyana. Ora pada bisa ngumpetna ati sing pada kemepyar. Wis sing aran pikiran tah mbuh mayeng-mayeng maring ndi ora. Arep njempling ya bingung, arep meneng ya anu ning ngarep mata. Pan mlayu maring ngendi maning? Genah ning ngémpér malah anginé gedhé, kayong éram nemen.

Sekar njempling serosa-rosané, mbari ngrangkul biyungé. Bapané malah ketungkul ngoméih wong, “Kiyé sapa sing gawé ulah, kunyuk nemen, ora seneng ndeleng wong seneng, asu!” ngana-nganané ndéan kiyé anu polahé wong sing ora seneng karo déwéké.

Wong sing sinoman tah pada milih meneng, ngumpul ning tengah umah. Padha istighfar, siji-sijiné sing bisa delakoni. Sing arané wong réwang padha mandeg kabeh. Dedeleng sing matané tah anu pada kewedén. Ambekané pada keton abot, pega. Ana sing ngroméd, ana sing ngenengna, ana sing tlapakan tangané deadepna nduwur, émperé lagi ndonga kiranéng dina apes kuwé bisa cepet rampung, tangané keton nggledeg. Ora tau-tauné ngalami sing kaya kuwé mau.

Sing jendéla, wong-wong pada ndeleng langit mipil peteng, padahal nésih awan. Nah, bareng ndeleng madan adoh, ning désa liyane, langité malah cerah. Dadi kayong angin gedé kuwé kur ning Désa Kraton thok. Ngerti kaya kuwé, wong-wong malah tambah kewedén.

“Idiih,,,kiyé sih ana apa dongé?” jéré sing mikinéng lagi umbah-umbah grabah

“Wis meneng, nyebut baé” semauré liyané “Gyéh pada njagong bae méné, ndonga!”

Ning pojokan, dukun penganténé sila madep ngulon, cangkemé umat-umit kaya lagi maca mbuh apa. Wong-wong pada ndelengna tok, ora patia ngerti.

***

Sekar, kembang Désa Kraton arepan mbojo. Émperé wong ayu, ya sugih, ya pinter, dadi sing bisa ngrebut atiné ya dudu wong baén-baén. Wong ayu kaya Sekar mentaka gelema debojo lanangan sing ora gagah, ora sugih, ora nduwe. Wis ora bisa deétung lanangan sing remuk atiné, merga detolak deng Sekar. Sing nékat nemen ya bera nemen, pada ngadepi wong tuané, mojar pan ngarah anaké.

Kabéh lanangan kuwé mau, mbuh bujang mbuh duda, padha lara ati balik rainé padha kecut, mergané Kaji Daslam, kuwe nggolét mantu sing kaya déwéké, sing dunyané merah meruh ning ndi ora. Émperé depangan pitung turunan bé ora enthong.

Manéngan Sekar kuwé ora kur ayu, déwéké pinter nemen, sing SD énggané réngking siji baé. Déwéké dadi bocah siji-sijnéng sing bisa nerusna sekola anjog duwur, ya kuwé mau ketambahan wongtuané gableg. Ning Désa Kraton, sekola ora patia depengna. Jangji lulus SD biasané pada lunga kasab ning Jakarta. Ngko angger wayahé badha, pada balik ngumah, ana sing katoné dadi sugih, ana sing tetep mlarat. Werna-werna lah. Biasané sing seneng sing anaké akéh, wayah badha énggané kaya lagi panen. Angger anak-anakané pada balik toli padha maring pasar, balike ana sing nggawa kasur, nggawa korsi, nggawa tipi, lah pirang-pirang. Ngko let seminggu, padha mangkat kasab maning. Desa Kraton sing mikinéng bangeténg raméné dadi sepi maning.

Agger ora kon kasab ning Jakarta, ya gedé setitik kon pada mbojo. Dadi akéh ning Désa Kraton bocah nggendong bocah. Wong tuané mbuh mikiré keprimén, pada kesusu baranggawé, ora mikir mbésuké anaké pan kaya apa. Bocah-bocah wadon sing umuré sepantaran Sekar wis duwé anak loro, ana sing telu. Sing pegatan ya pirang-pirang, dadi rangda enom.

Kur Sekar thok sing sekolané duwur, anjog S2. Wis dadi kembang lambé ning Désa Kraton. Kosih wong-wong tua angger lagi ngongkon anaké sinau mesti ngomongé “Sekolané sing pinter kiranéng kaya Yu Sekar”. Aran Sekar kaya dadi pengarepané bocah cilikan ning Désa Kraton. Émperé kayong padha pengin mbésuk-mbésuké kaya Sekar. Angger Sekar liwat nggo mobil sing apikmen, bocahan sing weruh pada mandeg, padha mbayangna déwéké mbesuk dadi kaya Sekar.

Ora siji loro bocah wadon sing meri karo si Sekar. Dadi ya ora kur domong apiké, éléké ya domongna baé deng sing ora seneng tah. Lapika déwéké mbojoné suwé, ana sing ngomong prawan tua lah, ana sing ngomong kakéan milih bakal bojo lah, ana sing ngomong keluargané sombong lah, pirang-pirang. Malah ana sing ngomong keluargané nyupang mergané sugih mblarah-mblarah.

Sekar karo wongtuane pengin baranggawéné ora baén-baén. Kudu apik. Ora kena ora. Apamaning, Kaji Dullatip, wong paling sugih ning Desa Kraton. Wongé madan gemagus, tapi ya wong désa ora pada wani ngomongi. Soalé angger ana acara pengajian, acara désa, acara agustusan, gawé langgar kuwé njaluk tulungé maring Kaji Dullatip. Dadi bagéntah sering domongi ning mburi, tapi duité tetep baé detampani. Apamaning, wong-wong désa ya gunané pada nyilih duit ning Kajiné, pas wayah nandur, mengko desauriné pas mangsan panén. Mugane Kaji Dullatip dadi juragan beras.

Sekar, sidané milih Sendang, batir kuliahé, sing dadi bakal bojoné. Émpereé ora kur gagah, Sendang ya anaké wong sugih, anaké juragan ayam. Sedurungé ana kabar pan mbojo, Sendang sering dolan maring umahé Sekar nganggo mobil, ya dadi omong wong sing menangi. Siki arepan mbojo ya dadi omong.  Nambah dadi akéh sing meri. Sewulan sedurungé mbojo, Sekar karo Sendang wis nyiapna uba rampéné. Mesen undangan, tratag, panganan, gawan anapan. Wong loro kuwé mau milih warnané sing ijo-ijo, jéré kiranéng seger.

***

Ésuk-ésuk, rewangé Kaji Dullatip wis pada réang natakna tratag, masang geber, masang layos, natakna klasa karo salon sing arepan nggo dangdutan. Ning Désa Kraton, angger ana wong baranggawé, kudu ana dangdutané. Apamaning kiyé wong sugih, dangdutané kudu sing apik. Kaji Dullatip wis pesen kiranéng nekakna dangdutan sing paling larang.

Njanur gunung, ana nini-nini liwat, anggon-anggoné ora kaya wong biasa. Nganggo tapih iréng, klambiné ireng, tutupan tudung. Terus déwéké mandeg ngarep latar umahé Kaji Dullatip sing émperé bisa nggo gawé umah maning, anu sangking ambané. Nini-nini kuwé mau, latanéng mlebu. Jéré arep nemoni Kaji Masripah, biyungé Sekar. Ning Désa Kraton, angger ana wong tes munggah kaji, baliké ya kudu diundang Kaji, ora lanang ora wadhon. Rewangé Kaji Dullatip latanéng mlebu ngumah ngundang juragané, sewisé ngerti jebulé kuwé Nini Casem, bareng tudungé dibuka.

Nini Casem kuwé rangda sing detinggal mati bojoné, anak putuné bubar mbuh pada maring ndi, ora pada ngrumati. Dadi uripé déwékan, ning gubug cilik pipir kuburan, madep kulon. Ndina-ndina njagong ngarep lawang mbari nginang. Wong sing liwat ngarep umahé biasané mlakuné nonet, pada wedi. Lapika bocah cilikan, ora pada wani mono. Ora pada wani dolanan ning perek umahé Nini Casem. Angger lagi pada ngejar layangan pedhot, terus layangané tiba ning perek umahe Nini Casem, mending dijor, sangking pada kewedéné. Tapi ana baé wong sing nésih éman karo Nini Casem, sokan ngirimi panganan.

“Rika arep mbaranggawé, Yu Kaji?” ora nganggo tédéng aling-aling, Nini Casem nakoni Kaji Masripah. Lambéné ireng, ilate abang, anu bekas nginang, tapi untuné putih bersih.

“Nggih, Ni, Pripun?” Kaji Masripah kayong madan gemeter, dadi ora nawani Ni Casem mlebu ngumah. Malah pada ngadeg ning latar.

“Angger pengin slamet, aja kelalén sajén!” Durung disemauri acan, Nini Casem latanéng lunga. Kaji Masripah karo rewangé pada deleng-delengan. Nini Casem mlakuné wis madan diglug, nganggo teken kayu sonokeling. Bagentah londog, suwé-suwé ora keton maning. Kaji Masripah latanéng mlebu ngumah.

Ning Désa Kraton, biasané wong angger arep ana perlu, mbuh tah pan baranggawé, nyunati apa mantu, apa arep tandur, apa panen, biasane gawe sajen ning Candi Kraton. Rupane wit-witan gedhé ning tengah Desa, kidul kuburan. Jéré wong tuahan, kuwé anu panggonané Nyi Rantan Sari, sing mbaureksa Désa Kraton. Dadi nék arep ana apa-apa kudu poyan disit. Gawé sajén sing isiné jajanan pasar, bubur, kelapa ijo, beras, karo suruh seapu gambiré.

Omongané Nini Casem ora degubris deng Kaji Dullatip pas Kaji Masripah kanda déwéké detekani Nini Casem. “Lah maha-maha temen kudu gawéni sajén” jéré Kaji Dullatip mbari ngetung duit abangan “Kuwe tah pinter-pinteré Nini Casem, anu kiraneng panganané dijikot déwéké” Kaji Dullatip kiyé pancen anu ora percaya sing kaya kuwéan. Sing gemiyen mula.

Kaji Masripah meneng baé, padahal atiné nésih pyar-pyaran kemutan rainé Nini Casem. Déwéké milih pasrah baé.

***

Sekar selat suwé selat rosa njemplingé. Biyungé ngrangkul, tapi Sekar kejer baé, ora gelem meneng. Anginé tambah gedhé, mlebu ngumah, korden melu pada mobat-mabit. Wong-wong tambah pada kewedén. Pada istighfar seakéh-akéhé.

Lat ora suwé, Sekar nangis jengker. Awaké lemes dedes. Sendang karo bapa biyungé kamitenggengen. Arep nulungi bingung, deweke ya gemeteran ora rampung-rampung. Keluargané sing teka ya melu bingung. Jand ora kaya wong lagi besanan.

Dukun penganténé latanéng takon “Ning kéné ana pantangan apa angger penganténan?”

“Ora olih nganggo tratag ijo, Ni” ana sing semaur mbari kewedén.

“Lha bisané ora ngomong?” Dukuné ngresula.

Kaji Masripah, sing lagi nyekeli tangane Sekar, mélu nangis. Ambekané kayong abotmen. Jané déwéké wis dekandani rewangé kon aja nganggo tratag ijo. Déwéké wis dekandani, Nyi Rantan Sari ora seneng angger ana wong penganténan nganggoné ijo-ijo. Tapi déwéké genah bingung, Kaji Dullatip ora percaya kaya kuwéan. Anak wadoné ya kaya bapané bulud, langka sing kebuang. Dadi dewéké milih meneng baé, karo madan pasrah.

Sapa sing nyana, dina sing ngaduné nyenengna malah dadi dina sing medéni kaya kiyé?

 

Peguyangan, 2020.

 

Penulise


Dimas Indiana Senja. Makarya minangka dosen neng IAIN Purwokerto. Karya-karyane ing antarane: Nadhom Cinta, Suluk Senja, Sastra Nadhom, Pitutur Luhur, Kidung Paguyangan, lan Museum Buton. Taun 2015 olih penghargaan saking Pemda Kabupaten Brebes minangka prestasi neng bidhang Pendidikan, Seni, lan Budhaya. Taun 2016 dadi wakile penulis Indonesia neng acara Ubud Writers and Readers Festival (UWRF) neng Bali. Taun 2019 diangkat dadi Instruktur Literasi Nasional neng ngisore Kemdikbud lan dadi ketua Instruktur Literasi Jawa Tengah. Taun 2019 deweke dadi perwakilan penulis Indonesia neng program penulisan esai neng Majelis Sastra Asia Tenggara (Mastera) Kemdikbud. Taun 2019 deweke uga dadi pembicara neng acara Mandar Writer and Cultural Forum (MWCF) neng Sulawesi. Taun 2020 dadi finalis neng Jejak Virtual Aktor (JVA) Kemdikbud. Seniki deweke dadi penggiat sastra neng komunitas BCCF Bumiayu, Pondok Pena Purwokerto, lan Rumah Penyu Cilacap. Deweke uga sing ngelola Arsip Sastra Banyumas.

Tags

Post a Comment

0 Comments
* Please Don't Spam Here. All the Comments are Reviewed by Admin.
Post a Comment
To Top